Kapribaden Ingkang Wicaksana

Piwulang Basa Lan Sastra Wayang Sarana Anggulawenthah Kapribaden Ingkang Wicaksana Kangge Labuh Labet Ambangun Bangsa Lan Nagari
Dening : Drs. Imam Sutardjo, M.Hum.
(Jurusan Sastra Jawa – Fakultas Sastra lan Seni Rupa – Universitas Sebelas Maret - Surakarta)

Saripathi

Basa lan sastra ingkang asring kaginakaken kangge sarana ambabar cariyos wayang menika menawi kadhudhah kanthi permati, prayata kebak tontonan, tuntunan, lan tatananing agesang utawi pitutur luhur kautamaning agesang, ingkang saged kaginakaken kangge salah satunggalipun sarana anggulawenthah para putra supados dados generasi mudha ingkang tanggel jawab, mumpuni, mrantasi kardi sarta karyenak tyasing sesami. Jalaran salebetipun pagelaran wayang menika minangka gegambaraning agesang lan panggesanganipun manungsa ingkang kathah sanepan saha pralambang.
Generasi mudha minangka pundhaking negari ingkang anggadhahi kapribaden ingkang wicaksana, setya tuhu lan dhemen labuh labet, mranata sarta ambangun bangsa lan negari, kanthi gegebengan watak: “berbudi bawalaksana; sama beda dana dhendha, tanuhita, darmahita, samahita, lan sarahita; sepi ing pamrih rame ing gawe; hamong, hamor, hamot lan hamemangkat”. Sedaya piwulang watak kautaman menika sami sumimpen wonten ing basa lan sastra wayang. Pramila piwulang-piwulang menika kedah kadhudhah, kaandharaken saha dipunsumbangaken dhumateng masarakat kangge sarana andadar lan nggulawenthah generasi mudha ingkang minangka kekiyataning negari, kangge nglajengaken pembangunaning bangsa lan negari ingkang adil makmur lan warata kanthi dhasar Pancasila, UUD 1945, NKRI, saha Bhinneka Tunggal Ika.

Tembung-tembung baku: piwulang, basa sastra wayang, kapribaden lan watak, wicaksana, labuh labet, ambangun nagara

A.    Pambuka

Negari kita bangsa Indonesia menika wiwit rumiyin sampun kasusra nagari ingkang ageng, sugih, saha anggadhahi kabudayan ingkang adiluhung, buktinipun kathah warisan utawi tetilaran ingkang sumebar saindhenging nuswantara ingkang awujud: basa lan sastra, naskah, wewangunan (candhi, karaton), wayang, gamelan, lan sanes-sanesipun. Pramila brebrayan agung Jawi kedah rumaos remen, bombong lan bingah; jalaran nggadhahi tetilaran budaya ingkang agung, edi lan endah, yasanipun para leluhur, nata lan pujangga ing jaman kina; salah setunggalipun tetilaran inggih menika wayang utawi ringgit.
UNESCO rikala surya kaping 7 Nopember 2003 netepaken bilih ringgit minangka Masterpiece of the Oral and Intangible Heritage of Humaniora; tegesipun bilih wayang menika mujudaken satunggalipun yasan agung tetilaranipun para raja lan pujangga Jawi ingkang nyata adiluhung. Buktinipun salebetipun ringgitan menawi kababar kanthi saestu ngemot pitutur luhur; inggih menika etika, estetika saha entertainment utawi tuntunan, tontonan sarta tatanan.
Emanipun kagunan wayang purwa utawi ringgit wacucal ingkang sampun kasusra, dipunakeni lan dipunanggep negari manca saindhenging jagad raya menika, masarakat Jawi piyambak malah kirang ngaosi saha kirang anggatosaken dhumateng wayang (ringgit tiyang utawi wacucal). Bebrayan agung, mliginipun para nem-neman kirang remen kaliyan pagelaran wayang menika jalaran kirang kulina lan boten mangertos cariyos miwah basa lan sastranipun.
Sedaya tetilaran menika mujudaken raja brana saha cagar budaya nasional ingkang ajinipun tanpa tandhing, pramila kedah tansah dipunjagi, dipunlestarekaken saha dipun-ngrembakakaken. Supados pitutur luhur inggih wasitadi saha piwulang kautamaning ngagesang ingkang sumimpen wonten salebeting basa lan sastra wayang saged kadhudhah, kababar, saha kaginakaken kangge salah satunggalipun sarana andadar sah kangge mujudaken kapribaden ingkang wicaksana, utami lan pinuji, ambangun manungsa ingkang sampurna, minggahipun para sarjana sujaneng budi, para pangarsa utawi pemimpin ingkang wibawa, wasis, waskitha lan wicaksana, berbudi bawalaksana saha mahambeg satriya pinandhita.

B.    Basa lan Sastra Wayang

Basa lan sastra menika mujudaken peranganipun budaya Jawi, menawi dipuntaliti lan kadhudhah utawi kababar isinipun sanget migunani tumrap bebrayan agung. Kalebet basa lan sastra wayang ingkang minangka budayanipun masarakat Jawi kawastanan adiluhung, jalaran anggenipun ngandharaken ngginakaken basa Jawi baku lan endah (estetis) utawi basa rinengga. Pramila wonten pamanggih bilih basa lan sastra wayang menika minangka “kata berjiwa”, tembung-tembungipun anggadhahi kekiyatan raosipun pangripta (Slametmuljana, 1956:4).
Basa lan sastra wayang ngemot rasa (raos) lan surasa (teges); rasa tegesipun pangraos utawi babagan kaendahan anggenipun ngginakaken tembung-tembung utawi ukara. Wondene surasa tegesipun makna utawi tegesipun tembung-tembung utawi ukara utawi unen-unen (ungkapan-ungkapan) ingkang kaginakaken dhalang salebitipun anggelar wayang. Pramila basa lan sastra wayang kalebet ragam literer utawi jenisipun basa lan sastra ingkang endah; ingkang dipun-ngrembakakaken para pujangga, seniman kanthi kekiyatanipun imajinasi saha lantiping raos.
Basa lan sastra wayang saged kaperang wonten 4 (sekawan), inggih menika: janturan, pocapan, ginem/ antawacana, lan suluk (Bambang Murtiyoso, 1983; 9); wujudipun saged gancaran ‘prosa’ lan basa pinathok ’puisi’. Ginem ing basa lan sastra wayang menika wonten 2 (kalih), inggih menika basa blangkon (klise) lan bebas. Basa blangkon ‘klise’ mujudaken basa ingkang sampun gumathok lan saged kaginakaken sawanci-wanci, lan saged dipun-ginakaken wayang menapa kemawon; tuladhanipun basa ing jejer ‘adegan’, gapuran, padupan. Basa bebas inggih menika basa ingkang panganggenipun gumanthung wonten wosipun cariyos utawi lakon ‘cerita’ utawi perkawis ingkang karembag salebetipun adegan utawi jejer (Soetrisno, 1976:24)
Catur utawi ginem salebeting basa lan sastra wayang menika wigatos sanget kangge mangertosi piwulang-piwulang utawi ajaran-ajaran ingkang kababar saha kaandharaken lumantar teks utawi naskah-naskah ing cariyos wayang ingkang isinipun saged kaginakaken kangge salah satunggaling sarana andadar miwah anggulawenthah kapribaden ingkang utami lan dhemen labuh labet sarta mranata bangsa lan nagari.

C.    Piwulang ing Basa  lan Sastra Wayang

Piwulang ingkang sumimpen ing basa lan sastra wayang menika asring kababar lumantar janturan, sulukan, sarta antawacana. Wondene piwulang salebetipun basa lan sastra wayang inggih menika babagan kapribaden ingkang:

1.    Berbudi Bawalaksana

Berbudi tegesipun tiyang menika kedah tansah paring pembiyantu dhumateng tiyang sanes, menawi dados pemimpin tansah paring ganjaran (kekucah) dhumateng andhahanipun; kados dene toya ingkang luber saged damel adhem lan anyepipun bebrayan (tiyang, sato kewan, tuwuhan).
Bawalaksana tegesipun kedah jujur lan tansah nindakaken sedaya janji (prasetya) ingkang sampun kawedharaken (netepi janji). Wonten ing basa lan sastra wayang (pedhalangan) asring kaginakaken wonten janturan adegan kapisan, mekaten:

a. “.......Sang nata anetepi berbudi bawalaksana; lire berbudi hanggung     hanggeganjar ngulawisudha, bawalaksana tegesira tansah anetepi pangandika, punapa ingkang sampun kawedhar boten kenging oncat kedah kalampahan”.

b. “........nalendra Dwaraka mahambeg berbudi bawalaksana, lire berbudi tansah angganjar ngulawisudha; dene bawalaksana sedaya ingkang kadhawuhaken boten kenging oncat, tetep kalampahan......”.

c. ... Apa ta lalabetaning Sang Nata, yeku berbudi bawalaksana, anggung hanggeganjar kawula dasih, paring boga wong kaluwen, paring toya tiyang kasadan, paring teken wong kalunyon, paring kudhung wong kodanan, paring sandhang wong kawudan, mapag obor wong kapetengan, maluyakaken sasakit, suka pepajar sagung prihatin. Narendra guna ing aguna, tan ngendhak gunaning janma,  luhur datan ngungkul-ungkuli, andhap tan kasoring sasami. Pangandikaning Sang Nata, yayah we kresna tumetesing patra seta, apa ingkang wus kawiyos ing pangandika datan kenging lincad tetap kalampahan. Pramila Sang Nata Prabu Parikesit anggung sinuyudan dening sagung kawula dasih, kineringan sasamining narendra, bebasan murub mbun-mbunane, ngreksaka gigire, tan kena pinidak wewayangane.

Janturan (c) ing nginggil ngemot piwulang bilih pangarsa (nata, presiden, menteri, bupati, camat, lurah, RW, RT, lan sanes-sanesipun) kedah tansah menggalihaken lan paring pambiyantu dhumateng tiyang sanes, para kawula alit, ingkang awujud (dhedhaharan, toya/ pengairan, sandhangan, kasarasan, pepajar/ listrik, utawi sandhang, papan, pangan sarta sembako.
Wonten ing sulukan adegan sabrang bagus asring ngginakaken cakepan berbudi bawalaksana, kados ing ngandhap menika.

“O ----, dene utamaning nata, berbudi bawalaksana, O ----, lire berbudi mangkana, O---lila legawa ing driya, O -----, hanggung denya paring dana, hanggeganjar saben dina, lire kang bawalaksana, O ---, anetepi pangandika, O --------.”

2.    Satriya Pinandhita
Basa lan sastra wayang ingkang ngemot piwulang satriya pinandhita asring kaginakaken wonten ing janturan jejer kapisan, kados tuladha ing ngandhap menika.

“.....nalendra kang mahambeg satriya pinandhita sekti mandraguna. Lire putus sagunging ngelmu, mumpuni salwiring kagunan, kaprawiran dhasar limpat pasanging grahita.......”.

Tegesipun pemimpin utawi tiyang menika kedah anggadhahi watak bebela dhumateng bebener, nyirnakaken tumindak awon, nyingkiraken angkara murka, dhemen ngibadah sarta tansah angudi kawruh agami miwah kasekten, supados wiyar kawruhipun, pinter, perwira lan waskitha utawi tanggap dhumateng kawontenanipun tiyang sanes (kaluwarga, masarakat, bangsa lan negari).

3.    Sama Beda Dana Dhendha
Piwulang kautaman ingkang wonten ing basa lan sastra wayang babagan “sama beda dana dhendha” asring kaginakaken wonten ing adegan jejer kapisan, kados tuladha ing ngandhap menika.
“..... lampahing pengadilan hanindakaken sama beda dana dhendha, adhedhasar dana wesi asat, lire datan ambau kapine. Lamun sampun leresing kapidana, sanadyan garwa putra myang sentana sayekti kapatrapan ing pamisesa, datan wigih areringa...”

Tegesipun tiyang kedah mangertos dhumateng hukum lan katindakaken kanti sae, inggih hukum agami, nagari, lan hukum adat. Hukum utawi hukumipun nagari katindakaken kanthi jejeg lan adil, boten mbedak-mbedakaken setunggal lan sanesipun. Menawi sampun katliti kanthi saestu, lan nyatanipun lepat kedah dipunpidana boten mawas sanak kadang, putra lan sentana

4.    Tanuhita, Sarahita, Samahita, Danahita, Darmahita
Ajaran kautaman babagan “tanuhita, sarahita, samahita, danahita, darmahita” ingkang kababar wonten ing basa lan sastra wayang, asring kaginakaken ing jejer kapisan, kados ing ngandhap menika.
a. “...... Sang nata mahambeg tanuhita,sarahita, samahita, danahita,
    darmahita. Lire karem ulah kaprajuritan, mumpuni pasang gelaring
    aprang; bangkit ing ulah gegaman. Karem paring dedana mring
    sesama, paring ganjaran dhumateng bebrayan; sung teken jalma
    kalunyon, paring banyu wong kasatan, asung kudhung wong
    kepanasen, paring pepadhang jalma kang nandhang pepeteng. Datan
    mawas sakalir, amung anut reh rahayu, kinarya memayu hayuning
    sesama, bangsa miwah bawana..........”.
b. “.......sang Nata ngasta pusaraning praja adhedhasar tanuhita,
    darmahita, danahita, myang sarahita. Lire remen ulah kapandhitan,
    sengsem ulah kaprajuritan, nengenaken mring keadilan tuwin tansah
    amarsudi rehing tatakrami.......”.

Tanuhita tegesipun tiyang gesang menika kedah tansah tumindak utama, alus ing budi sarta welas asih dhumateng sesami; darmahita tegesipun tansah njejegaken kukum/ pranatan; danahita tansah paring  pitulungan saha mbiyantu dhumateng tiyang sanes; samahita tegesipun tansah damel bagya mulya lan karaharjanipun bebrayan agung; sarahita tansah ulah gelaring perang, trampil ngginakaken gegeman lan sekti

5.    Hasthabrata
Ajaran hasthabrata ingkang kababar lumantar basa lan sastra wayang (pedhalangan) ugi kaginakaken wonten ing sulukan ngandhap menika.

Surya obor nguripi sagung dumadi,
Candra wasis prihatin kinarya suka,
Kartika pandom keblating mangsa,
Kala .................,
Bumi suci urip nrima tentreming ati,
Geni jujur tur prasaja
Angin nyambrahi sadhengah papan,
Mendhung dedana darma weh prabawa wingit,
O............
Samodra jembar hamomot kamot,
O................ hasthabrata.......O......O..........

Wonten ing antawacana utawi ginem ugi kababar suraosing ajaran hasthabrata, inggih menika wejanganipun Begawan Kesawasidi dhumateng Raden Harjuna kados ing ngandhap menika.

KESAWASIDI

Raden Harjuna, sayekti mung sira satriya kang kawasa angasta kuncining kamulyan, mara mirengna sun wartani mungguh kang denarani pepakem Makutharama, iku nora wujud ananging mung sipat wewangson. Mulane ingaran pepakem Makutharama, surasane pepakem iku dianggep makuthaning karajan dening Prabu Ramadewa ing nguni ingaranan Hasthabrata. Tegese sapa wae kang jumeneng narendra, yen ora bisa anetepi hasthabrata, nora kena ingaran Ratu kang mawa Makutha. Nanging kosok baline sanadyan wong lumrah yen bisa netepi hasthabrata, yaiku denanggep manungsa kang mawa makutha. Mangkono Harjuna pangandikaning Jawata.

HARJUNA

Kawula nuwun inggih panembahan, menawi mekaten keparenga enggal kadhawuhaken dhateng pun Parta.

KESAWASIDI

Kulup Harjuna mangkene, mungguh wijange marma aran hasthabrata, hastha iku tegese wolu, wondene brata iku tegese laku. Laku wewolu kang tuwuh saka gumelaring jagad, iki kang kudu dhasaring utawa paugeran, gegebenganing narendra, lire mangkene Harjuna.
a. “.....kapisan hambeging surya, tegese sareh ing karsa, derenging pangolah nora daya-daya kasembadan kang sinedya. Prabawane maweh uriping sagung dumadi, samubarang kang kena soroting Hyang Surya nora daya-daya garing. Lakune ngarah-arah, patrape ngirih-irih, pamrihe lamun sarwa sareh nora rekasa denira misesa, ananging uga dadya sarana karaharjaning sagung dumadi
b. Kapindho hambeging candra yaitu rembulan, tegese tansah amadhangi madyaning pepeteng, sunare hangengsemake, lakune bisa amet prana sumehing netya alusing budi anawuraken raras rum sumarambah marang saisining bawana.
c. Katelu hambeging kartika, tegese tansah dadya pepasrening ngantariksa madyaning ratri, lakune dadya panengeraning mangsa kala, patrape santosa pengkuh nora kengguhan, puguh ing karsa pitaya tanpa samudana, wekasan dadya pandam pandom keblating sagung dumadi.
d. Kaping pate hambeging hima, tegese hanindakake dana wesi asat; adil tumuruning riris, kang akarya subur ngrembakaning tanem tuwuh. Wesi asat tegese lamun wus kurda midana ing guntur wasesa, gebyaring lidhah sayekti minangka pratandha; bilih lamun ala antuk pidana, yen becik antuk nugraha.
e. Kalima ambeging maruta, werdine tansah sumarambah nyrambahi sagung gumelar lakune titi kang paniti priksa patrape hangrawuhi sakabehing kahanan, ala becik kabeh winengku ing maruta
f. Kaping nem hambeging dahana, lire pakartine bisa ambrastha sagung dur angkara, nora mawas sanak kadang pawong mitra, anane muhung anjejegaken trusing kukuming nagara
g. Kasapta hambeging samodra, tegese jembar momot myang kamot, ala becik kabeh kamot ing samodra; parandene nora nana kang anabet. Saisene maneka warna, sayekti dadya pikukuh hamimbuhi santosa
h. Kaping wolu hambeging bantala, werdine lila legawa ing driya; mulus agewang hambege para wadul. Danane hanggeganjar myang kawula kang labuh myang hanggulawenthah.

6.    Meper utawi Ngendhaleni Hawa Napsu
Piwulang kautaman bilih tiyang gesang kedah tansah meper lan ngendhaleni hawa napsu menika kawastanan “sad – ripu”, inggih menika piwulangipun Prabu Rama dhumateng ingkang rayi Raden Bharata. Wondene piwulangipun kados ing ngandhap menika

PRABU RAMA

Yayi Bharata, manungsa urip ing jagad iku sampurnane yen wis bisa ngilangake alanganing ati nem prekara, yaiku rasaning:

a. Raga       :    Yaiku manungsa kang tansah sengsem marang
                         asmara
b. Maparya :    Yaiku rasa gething marang sapadhaning manungsa
c. Lobha   : Yaiku dremba utawa nggrangsang nggagap marang
                   barang kadonyan
d. 1)    Murka    :    Yaiku rasaning ati kang tansah bingungan     
    2)    Moha     :    Yaiku pikirane kang tansah peteng 
e. Irsya    :    Yaiku rasaning ati kang drengki, srei, panasten,
                      dahwen, ati open 
f. Krodha  :    Yaiku sakabehing rasa kanepson kang
                       angambra-ambra    

7.    Panca Darmaning Satriya lan Sepi ing Pamrih Rame ing Gawe
Piwulang kuwajibanipun satriya menika wonten gangsal ingkang kaandharaken Begawan Bimasuci dhumateng Raden Setyaki. Anggenipun nindakaken kewajiban kanthi adhedhasar sepi ing pamrih rame ing gawe, kados ginem utawi antawacana ing ngandhap menika.

SENA

Yayi Setyaki, sarehning sira iku satriya ngembat praja, kudu mangerti kuwajiban kang katindakake yaiku darmaning satriya, mungguh hambeging satriya iku, kang baku amung tansah sengsem marang kautaman, anggayuh marang kaluhuran, iya kaluhuraning budi, iya kaluhuraning kajiwane, dadi ora ngemungake kaluhuraning drajad lan pangkat bae, dene dedalane ora liya iya mung kudu tansah nuhoni darmane, darma iku tegese kuwajiban. Anggone nindakake kuwajiban adhedhasar sepi ing pamrih rame ing gawe. Mungguh satriya darbeni kuwajiban limang prakara:
a. Rumeksa kayuwananing praja sarta bumi kalairane
b. Ngayomi para pandhita resi kang padha ulah puja brata
c. Tresna marang bangsa sarta welas asih marang sapadha-padhaning
    tumitah
d. Setya tuhu marang janji sarta nuhoni sabda kang wus kawedhar
e. Tundhuk marang bebener kang adhedhasar adil ya piwulang suci

8.    Jujur tansah Tumindak Sae
Piwulang kautaman ingkang sumimpen wonten ing basa lan sastra wayang (pedhalangan) babagan tiyang menika kedah tansah tumindak jujur lan tumindak sae, jalaran sedaya tumindak menika badhe ngundhuh wohing panggawe utawi ukum karma, kados tuladha ginem ing ngandhap menika.

a. Dursasana         : “…. Sampun Man, Petruk mboten dosa kersane urip. Eling lo Man, wong nandur ngundhuh, utang nyaur, nyilih ngulihake, nggawa mbalekake, yasa nduwe…..”   
b. Kunthi     : “Wrekodara, weningna ciptamu, menepna rasamu. Becik ketitik ala ketara, sapa ndhisiki ala wahyune bakal sirna”.  

9.    Mawas dhiri, Ngrumaosi Bodhonipun lan Purun Ngangsu Kawruh

Watak ingkang utami menggahipun tiyang Jawi inggih menika “prasaja lan walaka”, tegesipun purun mawas dhiri, jujur, menapa wontenipun lan purun rumangsa saha ngrumaosi sedaya kekiranganipun sarta purun ngangsu kawruh lan ngudi ngilmi. Kados wewarahipun Begawan Bimasuci dhumateng Begawan Hanoman ing ngandap menika.

HANOMAN

I i i , toblas, begja kemayangan, tujune darbe kadang kang tansah aweh pepeling marang Kapiwara. Dhuh yayi Sena, mula samengko aja tanggung-tanggung pun kakang enggal wedharana sandining gati, pralambang kang dumunung aneng busanaku, amarga pun kakang nyata durung sumurup.

BIMA

Iya Kakang Kapiwara, yen mangkono bakal prayoga kang tinemu, sabab ati kang bodho iku lamun prasaja, gelem ngakoni mesthi gelem njaluk warah, iku dadi dalaning karahayon, mara enggal piyarsakna kakang.
a. Mulane kakang kapiwara nganggo gelung winangkara, cinandhi
    rengga endhek ngarep dhuwur buri, tegese kakang aja mangro ing
    pandulu marang dununging Kawula Gusti, lire nora kalimput lenging
    tekad kang aneng ngarsa,  tegese sanadyan andhap asor anoraga,
    nanging tumuju marang Hyang Suksma Kawekas, wekasane ngesthi
    luhur kadi sipate Hyang Manon
b. Kang kapindho, pupuk mas rineka jaroting asem, tegese budimu kudu
    ngrawit kaya jaroting asem, awit wus pinutra dening Bathara Bayu
c. Kang kaping telu, sumping kembang pudhak sinumpet, tegese mengku
    kawruh manunggal Sang Hyang Udipati sinamar pinter api balilu
    (alingan bodho)
d. Kang papat, anting-anting panunggul maniking warih, tegese sinung
    pramana datan kasamaran sawiji-wiji
e. Kang kaping lima, kalung naga banda, tegese ula gedhe, sira iku
    prajurit linuwih, lamun mangsah prang aja ngucireng budi prawira
    sudireng pupuh suka lebur arerempon
f. Kang kaping nenem, kelat bau rineka balibar manggis ginubah tekan
    kandhagane, lire anetepana sabda kang wus kawedhar, pambege
    bawalaksana, aja gampang muwus kalamun nora nyata.
g. Kaping pitu, gelang candra kirana, tegese candra iku rupa, kirana
    wulan, tegese udinen murih kawruhmu kaya wulan purnama.
h. Kaping wolu, dodot poleng bang bintulu manca warna: ireng, abang,
    kuning, putih, lan ijo, iku pancadriya lambang uriping kanepson,
    pancawarna iku darbe karep dhewe-dhewe, sanepane para kadang
    lelima rina lan wengi tansah bebarengan kang papat, dene kang
    sawiji kinen amrih anut wenganing budi, yaiku budi rahayu kaya
    dene traping tanganmu. Driji kang papat ginegem kuku pancanaka,
    landhepe dadi sawiji, kasantosane kumpul manunggal dadi sawiji
    dumunung aneng jejempol
i. Kang kaping sanga, sabuk cindhe wilis bara sakembaran binelah
    numpang wentis kanan kering; tegese runtutna traping bratamu,
    cundhukna lair lan batinmu
j. Kang kaping sepuluh naga raja nungging wentis, iku minangka
    kancing; tegese budi lan tekadmu supaya memet manawa arsa
    momot.

10.    Hamong, Hamor, Hamot, Hamemangkat

Piwulang pambeganing ratu utawi pemimpin ingkang kaandharaken lumantar basa lan sastra wayang (pedhalangan) wonten sekawan prekawis inggih menika “hamong, hamor, hamot, hamemangkat” ingkang tegesipun kados ing ngandhap menika.
Hamong: tegesipun tiyang gesang menika kedah saged angemong tiyang sanesipun (solidaritas, setia kawan). Menawi dados pemimpin utawi pangarsa kedah saged angemong para kawulanipun
Hamor: tegesipun tiyang gesang menika kedah saged manjing ajur ajer (adaptif), saged empan papan sarta ngungak kawontenan
Hamot: tegesipun  tiyang gesang wonten ngalam ndonya menika kedah saged madhahi lan nyaring kawruh utawi budaya ing sumebar lan katampi, sabar lan purun nampi bentening pamanggih tiyang setunggal lan sanesipun.
Hamemangkat: tegesipun purun ngaosi dhumateng tiyang sanes, paring bebingah lan kanugrahan dhumateng kawula ingkang kathah lelabetanipun

D.    Panutup

Wejangan-wejangan ingkang sumimpen salebetipun cariyos wayang ingkang kababar saha kaandharaken lumantar basa lan sastra wayang (pedhalangan) ing janturan, suluk lan antawacana menika pranyata ngemot piwulang-piwulang kautaman ingkang saged kaginakaken salah satunggaling sarana kangge nggulawenthah para putra lan generasi mudha supados anggadhahi karakter, boten kecalan adeg-adeg utawi jatidhiri; anggadhahi kapribaden lan watak ingkang wicaksana kangge labuh labet ambangun bangsa lan negari. Watak ingkang sae menika: “Berbudi bawalaksana, satriya pinandhita, sama beda dana dhendha, tanuhita darmahita samahita sarahita, hasthabrata, meper hawa napsu, panca darmaning satriya kanthi sepi ing pamrih rame ing gawe, jujur lan tansah tumindak sae, mawas diri ngrumangsani lan tansah ngangsu kawruh, hamong hamor hamot hamemangkat”.
Ajaran-ajaran kautaman menika pranyata taksih jumbuh menawi katindakaken ing jaman globalisasi samenika, menawi tansah katindakaken wonten ing: kulawarga, bebrayan agung, bangsa lan negari miwah bawana; tundhonipun jagad raya menika badhe mahanani guyup rukun, ayem tentrem, kerta raharja tebih saking pangrencana miwah bebaya. Negari kita Indonesia enggal adil makmur lan warata, mirah sandhang lan pangan kanthi adhedhasar Pancasila lan UUD 1945

KAPUSTAKAN

♦ Bambang Murtiyoso. 1983. Pengetahuan Pedalangan. Surakarta: STSI
♦ Imam Sutardjo. 2010. Keindahan Bahasa Pedalangan. Surakarta: FSSR
   Publishing
♦ Kristuti Suryosaputro. 1983. Janturan Wayang Purwa Surakarta: Pribadi
   Marwanto. tt. Wejangan Wewarah Bantah Cangkriman Piwulang
   Kaprajan. Surakarta: Cendrawasih.
♦ Poerwadarminta. W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: Groningen
♦ Siswaharsojo. 1966. Wahyu Makutharama. Yogyakarta: Habiranda.
♦ Slametmuljana. 1956. Peristiwa Bahasa dan Sastra. Bandung – Jakarta:
   Ganaco
♦ Soepomo Poedjosoedarma, dkk. 1986. Ragam Panggung dalam Bahasa
   Jawa. Jakarta: P dan K
♦ Soetarno, Sunardi, Sudarsono. 2007. Estetika Pedalangan. Surakarta: ISI
   Surakarta dan CV Adji Surakarta

♦ Soetrisno. 1976. Kawruh Pedalangan. Surakarta: ASKI